Sabtu, 01 September 2012

Jumat, 01 September 2012

assalamualaikum..
enyong jane bingung kie arep nulis apa disit, tapi ya apa daya tangan tak sampai tugas tetaplah tugas yang musti dan kudu digarap :)
jere kakak pembina tugas individune kuwe kon nggawe cerita alias curhatan tentang kegiatan PPLK 2012 AKATEL SP PWT, dadi siki enyong arep cerita...di waca loh ya!!!getak nek ora diwaca..

Dina Jumat siki ana kegiatan TM (Technical Meeting) nang AKATEL nggo MABA 2012, pas kuwe enyong karo kanca se-SMA ku ora ngerti nek jadwal waktune diubah. dadi pas mangkat ngonoh esih sepi banget mung ana tukang sapu nang halaman (pas kuwe tekan kana jam setengah 8, padahal ralat waktune TM kuwe jam 10) dadi enyong karo kancaku balik maning maring kos.

okeh, jam setengah 10 mangkat maning..ceritane semangat banget kie nggo melu TM! nah pas tekan kana, jebule ana sing salah maning, jebule ora kon mesti nganggo Hem putih item..sing liyane nganggo klambi bebas,lha aku kro kancaku???malah kaya pegawe sing klintang klintung nggolet kerjaan -___-

masalah kostum okelah boleh salah (jane sih ya ora salah sih) tapi semangat tetep menggebu gebu!!!
acara pertama PPLK kuwe perkenalan sekang Wakil Direktur I AKATEL,pak Wahyu jenenge..terus bar kuwe ana perkenalan juga sekang bu Ita selaku Kasie Kemahasiswaan..bar kuwe gari lanjut panitia panitiane..

perkenalane rampung,terus lanjut maring acara pengukuran baju karo gladi kotor sidang senat terbuka. acara kuwe nganti jam setengah 6..kesel banget janeh, tapi kesel kuwe langsung ilang pas ndlosor nang kasur kos kosan..hehehee...
 
pesan&kesan :: kanggo panitia AKATEL, waktu nggo nyiapna tugas ospek'e terlalu setitik..uwis sih kuwe tok paling..nek ramah tah pancen ramah panitiane,cuma kuwe..tugase akeh,waktune setitik

^maaf kalo tulisanku menyinggung atau menyakiti perasaan kalian..terima kasih udah baca sampe akhir :)
wassalam...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar