Rabu, 05 September 2012

Rabu, 05 September 2012

siki dina ketelu ospek aku nang AKATEL,
jam pertama biasa nggo pengecekan perlengkapan,untunge kelompokku langka sing dihukum.

mau juga ana perenungan,tapi aku ra melu gara gara sing nganggo pita merah (punya penyakit) di beda'na.kon nggawe barisan dewek.

nang kono aku di takoni wis sarapan durung,lha emang nyatane durung sarapan ya aku jujur,aku ngacung bae aku durung sarapan kak..ehh,bar kuwe kakak P3k ngomong,yaudah ntar kakak ambilin sarapan..

bersyukur banget aku pas kuwe,hahaaa...enakee pol,nganggo ayam bakar cuyy!hahaa..

bar kuwe gari mlebu acara nang ruang K1 karo K2 sing nggo presentasi tekan sore, pas sore wis kesel banget,ehh ana games sing kon manjat manjat pager jan, enggane kesel,ngantuk malah dadi melek maning gara gara kon manjat pager kuwe..

paling acara sing menarik pas mau ya kuwe tok sing kon manjat pager,menyenangkan!hahahaa

thanks udah baca yaa...bye!!! :D

Selasa, 04 September 2012

selasa,04 september 2012

dina ke loro ospek akatel,
dina kie nyenengi kabeh acarane,soale akeh acara sing nggawe nyenengi ati..contoeh perkenalan lingkungan lingkungan kampus karo UKM.

aku diajak njajal kabeh kegiatan UKM sing ana nang akatel.

sing paling tak senengi kuwe pas UKM musik,tapi sayange mung sedela tok..

terus bar kuwe sing asik maning kuwe kon njajal rapling, aku wis kesel manjat maring nduwur,ehh...malah kon mudun maning..

ya kuwe kegiatan aku nang akatel pas dina selasa..thanks

senin, 03 september 2012


dina kiye dina pertama aku ospek nang AKATEL. kabeh persiapan wis lengkap. mangkat jam 6 bali jam 6 juga..

kesel sih, tapi genah kuwe syarat nggo njukut TA sih,,,nek isal PPLK ora lulus kan ora ulih njukut TA.

pertama dewek kon latian gladi bersih nggo sidang senat terbuka,terus dilanjutna sidang senat.

terus bar acara kuwe dewek langsung kegiatan presentasi nang ruang K1 karo K2 tekan jam 4.

bar ishoma,dewek diajak main games nganti jam 6..bar rampung games dewek bali maring kos masing masing..hahhaaa

Sabtu, 01 September 2012

Jumat, 01 September 2012

assalamualaikum..
enyong jane bingung kie arep nulis apa disit, tapi ya apa daya tangan tak sampai tugas tetaplah tugas yang musti dan kudu digarap :)
jere kakak pembina tugas individune kuwe kon nggawe cerita alias curhatan tentang kegiatan PPLK 2012 AKATEL SP PWT, dadi siki enyong arep cerita...di waca loh ya!!!getak nek ora diwaca..

Dina Jumat siki ana kegiatan TM (Technical Meeting) nang AKATEL nggo MABA 2012, pas kuwe enyong karo kanca se-SMA ku ora ngerti nek jadwal waktune diubah. dadi pas mangkat ngonoh esih sepi banget mung ana tukang sapu nang halaman (pas kuwe tekan kana jam setengah 8, padahal ralat waktune TM kuwe jam 10) dadi enyong karo kancaku balik maning maring kos.

okeh, jam setengah 10 mangkat maning..ceritane semangat banget kie nggo melu TM! nah pas tekan kana, jebule ana sing salah maning, jebule ora kon mesti nganggo Hem putih item..sing liyane nganggo klambi bebas,lha aku kro kancaku???malah kaya pegawe sing klintang klintung nggolet kerjaan -___-

masalah kostum okelah boleh salah (jane sih ya ora salah sih) tapi semangat tetep menggebu gebu!!!
acara pertama PPLK kuwe perkenalan sekang Wakil Direktur I AKATEL,pak Wahyu jenenge..terus bar kuwe ana perkenalan juga sekang bu Ita selaku Kasie Kemahasiswaan..bar kuwe gari lanjut panitia panitiane..

perkenalane rampung,terus lanjut maring acara pengukuran baju karo gladi kotor sidang senat terbuka. acara kuwe nganti jam setengah 6..kesel banget janeh, tapi kesel kuwe langsung ilang pas ndlosor nang kasur kos kosan..hehehee...
 
pesan&kesan :: kanggo panitia AKATEL, waktu nggo nyiapna tugas ospek'e terlalu setitik..uwis sih kuwe tok paling..nek ramah tah pancen ramah panitiane,cuma kuwe..tugase akeh,waktune setitik

^maaf kalo tulisanku menyinggung atau menyakiti perasaan kalian..terima kasih udah baca sampe akhir :)
wassalam...